Kamis, 25 Juni 2009

PAGUYUBAN MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL

SARA SILAH

Romo R.M Soewono dipun lahiraken ing tanggal 2 Pebruari 1882 tahun Masehi utawi tanggal 5 Rabingulakhir tahun Alip 1811 wuku Galungan wonten ing Sragen Sala ( Jawi Tengah ).

1. Romo R.M Soewono putranipun R.M. Martodiepoero ( Ramanipun ).
2. R.M. Martodiepoero putranipun R.M. Padmodirjo ( Eyangipun ).
3. R.M. Padmodirjo putranipun Bandoro R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo ( Buyut).
4. R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo putranipun R.M. Said, Kanjeng Gusti Mangkunegara ingkang sapisan (kawitan) Inggih Pangeran Samber Nyowo.

Romo R.M. Soewono wekdal yuswo 7 wulan sampun katilar sedo ingkang ramanipun, lajeng kagulawentah dening ingkang ibu, ngantos akir dewoso.

Wonten ing tahun Masehi 1911 Romo R.M Soewono dados punggawaning negari, ngasto damel wonten ing pegantosan. Inggih ing wekdal menika Romo R.M Soewono ambabaraken saha nyebaraken kaweruh Murti Tomo Waskito Tunggal Kawiwitan saha kapungkasan kasebat ing ngandap punika.
1. Daerah Tuban ing tahun 1911 - 1913.
2. Daerah Godong, Purwodadi, Demak 1913 - 1919.
3. Daerah Purworejo, Plaosan, Ngamping 1919 - 1921.
4. Daerah Mosowilangun Lumajang 1921 - 1926.
5. Daerah Gurah Kediri, 1926 - 1927.
6. Daerah Nglegok, Blitar 1927 - 1928.
7. Pungkasan wonten ing daerah Bangkalan, Madura ing tahun 1928 - 1930.

WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL

1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
2. Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan tulungano saperlune, senadian rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh - maneh kongsi sakpantese.
3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.

Samanten keterangan sara silahipun Romo R.M. Soewono tuwin pembabar saha penyebaring kawruh Murti Tomo Waskito Tunggal.

Rahayu..

Sumber : Buku Catetan Ringkes Wirid.

29 komentar:

  1. Mas Roi Sinyo sampean kok maleh koyo pak dalang bahasane akeh sing ora paham

    BalasHapus
  2. Rahayu,
    Kawruh Murti Tomo Waskito Tunggal
    Sederek sedoyo ingkang kawulo minulyaaken wonten ing wekdal puniko kulo bade sharing babagan kawruh Murti Tomo waskito tunggal sanadyan among sekedik. Kulo Sharing puniko kebetulan kawulo mempelajari penghayat Murti tomo meniko sampun lumayan dangu lan tansah kepingin kekancan kaliyan sederek sedoyo engkang sami - sami nekuni kebudayaan Jawi meniko.
    Menawi sederek sedoyo gadah informasi monggo dipun sharing.Amargo miturut pengalaman lan lelakok ingkang kawulo lampahi.
    Pengayat ajaran niki bener bener sae lan saget dipun lestarekaken. Paribasan “ Yen digelar ngebeki Jagat yen digulung sak mrico Jinumput.kawruh Murtitomo sakyektosipun Luar biasa kuat lan dahsyatipun menawi dipun lampahi ingkang bener lan pener. Sekedik falsafah ingkang dipun tulis mendet saking asmanipun Wejangan puniko:
     Murti tomo dipun pundut saking asal usul:
    • Murti ateges Murnining ati utowo tulusing manah utowo ihlasipun lelampahan.
    • Tomo ateges tindak kang Utomo utawi tindak sae ,lakon ingkang pener lan leres engkang dipun ijabahin kalian pangeran inggih Gusti alloh.
     Waskito ateges Cermat,cerdik,awas mangertos ingkang sampun lan dereng kedadosan tansah eling lan waspodho.
     Tunggal ateges setunggal inggih siji inggih kang moho kuoso utawi gusti engkang moho sempurno ,moho agung ,mboten wonten engkang madani
    Utawi menawi dipun jabaraken dados :
    “ Murnining ati utowo resiking ati utowo tulusing ati lan tindak tanduk engakang Utomo sajeroning nglampahi urip saget dados dalane nyawiji dateng gusti kang moho kuoso inggih gusti alloh kang moho agung lan moho tunggal”.
    Kados pundi carane supados ihlas,lembah,manah lan sabar wonten ing sakjeroning nglakoni urip inggih kedah tansah eling lan ngibadah kaleh engkang moho kuoso inggih gusti alloh.Kepripun supados saget nglampahi meniko sedoyo menungso kedah eling lan tansah ngertos dateng ajaran Kawruh:
    1. Sangkan Paran.
    2. Kasunyatan.
    3. Kasampurnan.

    Kados pundit ajaran niki dipun jabaraken lan dipun laksanakaken kulo sambung wonten edisi ( Bersambung).

    Budi Santoso,
    Sangatta,19 Juli 2010
    Kutai Timur,Kalimantan Timur.

    BalasHapus
  3. Rahayu
    mas budi santoso,
    sepuntene ingkang katha,
    kulo matur suwun nggih ingkang katha,
    njenengan mpun wujud akeh angen-angen sederek suroboyo, lan
    kabar saiki paguyububan mpun ngadah kartu anggota,luwih jelase kontak mas muhajir, kediri,
    suwun. Rahayu

    BalasHapus
  4. Rahayu,
    sepuntene ingkang katha
    mas budi santoso,
    nyuwun tolong njenengan jangkepi wajibe wargo
    suwun,
    Rahayu

    BalasHapus
  5. Rahayu,
    Mas Fajar aku uwis suwee banget ora melok kumpulan karo wargo suroboyo ,kediri,madiun lan sak sekitare kuwi kabek amung soko amargo aku kudu nglakoni wajibing urip yoiku topo ngrame golek sandang pangan kango anak lan bojo .Kebetulan panggonaku ono pelosok kalimantan lan kuwi uwis meh rong puluh taun.Sak pangertenku wargo murtitomo iku kudu tansah nglakoni tindak kang becik urip kang sabar lembah manah lan hanadyan abot aku tansah nyobo anglakoni.Babakan kartu wargo lan liyone aku ora nyumurupi hanaging yen ono kuwajiban liyane sing aku urung mangerteni tulung aku dielengno.Sakjane aku tansah ngoleki konco kang iso digawe tukar kawruh lan tukar pemikiran kareben podo dadi apik.
    Aku goleki ono internet amung iki sing tak temoni aku nyoba ngisi tulisan iki supoyo duwe konco lan suwene aku melok wirid tahun 1988 aku paling ora wis ngalami pengalaman engkang lumayan kanggo disharing karo wargo liyane hanadyan ora kabeh oleh tak tulis tapi paling tidak pengalaman pribadi iso didadekne pemikiran karo wargo engkang perlu.
    sumonggo segeng tepang.
    rahayu.

    BalasHapus
  6. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  7. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  8. Rahayu,
    Mas Kulo wargo asli mediun wejangan Pak Tarmaji kalian Mbak Danu Ndarungan Kediri,Suroboyo kulo ingih sering ndateng pangonanipun mbak Parto lhaa menawi mas muhajir meniko kulo dereng pati kenal lhaa maenawi mbak karso jaman Huuuuu ok ek engih termasuk sesepuh waktu taksih sugeng kulo sering dateng ngriyanipun mbak karso jaman pasareyanipun mbak sarmo engih sering pokoipun manawi urusan murtitomo ujung ketemu ujung sampun kulo ublek ublek wakdal tahun 1987-1991 mari ngoten ngolek sandang pangan dateng kaltim.
    Cobi punopo mawong engkan panjenengan kepingin bahas lan takletne mangke kulo coba ngudari lan setitik sharing kawruh.Sopo ngerti ono gunane

    BalasHapus
  9. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  10. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  11. rahayu
    mas saya pernah belajar aliran murtitomo tapi yang saya pelajari kok aliran murni islam tidak kejawen tidak pakai rahayu tapi paki assalamu allaikum.....dan pelajaran yang saya dapat yaitu ajaran islam bukan kejawen .....mohon tanggapan..

    BalasHapus
  12. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  13. asalamualaikum,sedulur kabeh,sa'suwene nglampahi wejangan MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL,nopo sing sampean nggadah?

    BalasHapus
  14. Mandra,

    Rahayu!
    Aku iki koncone robert. Awakmu sik pancet ta warung e tambah rame?
    Saiki sopo sing neruske wejangan? sik onok serasean nang panggone Alm. Mbah Parto?

    BalasHapus
  15. Rahayu!!
    kulo saking Darungan Punjul,Kediri.. ler ipun Makam Alm. R.M. Sarmo Widjoyo. Tp kulo dereng di wirid,hehe.. sak niki kulo ten Solo nderek Bopo Ibu,
    ngapunten.. sakmeniko wonten Kumpulan MTWT ten Facebook.. monggo gabung kajeng'e tambah anget annggene kitosami sesrawungan.. (maf,,bhasa jawany msh kocrat kacrit..hehe)Facebook'e kulo = Agung Ari Murti Wibowo. E-mail : romantic_bow@yahoo.com.
    Suwun.

    BalasHapus
  16. rahayu
    kulo toto bade taken kaleh sedulur sing wonten MTWT, menawi kulo bade derek... nek ten pekalongan wonten mboten cabangipun MTWT

    BalasHapus
  17. Komentar ini telah dihapus oleh penulis.

    BalasHapus
  18. salam sakeng lamongan mas,,,,,

    BalasHapus
  19. rahayuuuuuu.....mtwt....kulo sangkeng madiun....kenongo mulyo.................monggo dipon raket aken anggone paseduluran,,,,,,,murtitomo waskitho tunggal....kaltim.......monggo ingkang ngersaaken tukar kaweroh mtwt...............082150264488..........hening neng eleng lan waspodo......

    BalasHapus
  20. tanggal,30-04-2012,,,,
    monggo sareng - sareng
    nggulo wentah pitukur luhur budi pekerti sangking leluhur kulo lan panjenengan kususipunpaguyupan murti tomo waskito tunggal
    kulo panerusipun sangking pinisepuh agung ki parto seran suroboyo.
    bek menawi wonten sedulur kerjo ngaji kaweruh monggoh sareng2,
    sepados mbenjang mboten kesasar, roh sukmane,
    nama: chairomin.
    almat: jl,sari tama gang makam no 11,
    suroboyo, kecamatan tandes

    BalasHapus
  21. tanggal,30-04-2012,,,,
    murti tomo waskito tunggal
    monggo sareng - sareng
    nggulo wentah pitukur luhur budi pekerti sangking leluhur kulo lan panjenengan kususipunpaguyupan murti tomo waskito tunggal
    kulo panerusipun sangking pinisepuh agung ki parto seran suroboyo.
    bek menawi wonten sedulur kerjo ngaji kaweruh monggoh sareng2,
    sepados mbenjang mboten kesasar, roh sukmane,
    nama: chairomin.
    almat: jl,sari tama gang makam no 11,
    suroboyo, kecamatan tandez.
    no : 083857588159

    BalasHapus
  22. 7. ojo anjagakake pitulungan liyan
    8. eklasa tetulung kasusahane liyan sabisa bisamu nanging ojo ugungan lan iyo ojotinggal ing kautaman. mengkono ugo ojo pisan2 mamrih pituwes utowo ngarep2 bakal baline.
    9. jen sedyamu bener gawe kebecikan kang santosoing budi, ojo kandeg margo serik soko pamoyok utowo panyokrobowone liyan kang ora ora
    10. yenkowe nujoni nemu pakewuh, tampanono kalayan sabar, nanging ojo pegat anyipto marang kabegjanmu,(lahire nerimo nanging batine ojo sepi ing ikhtiar)

    BalasHapus
    Balasan
    1. rahayu,, mas nanang kulo remen yen biso nglakoni wajibe wargo,,no 7.8.9 lan 10..nanging kok terkadang teksih kangelan to,,kedahipun kulo kados pundi supoyo kulo saget nglampahi,,CARANIPUN PRIPUN MAS,,

      Hapus
    2. rahayu mas avido,
      sak meniko dalem namung copas saking buku wirid wajibing wargo mawon.. kulo meniko taksih sinau nembe kelas nol kecil mas, dereng sanget 'njlentrehake'.. ngapunten ingkang sanget,,, salam kenal kangge derek2 wargo sekalian...rahayu

      Hapus
  23. Rahayu mas
    Kulo saking jombang, mbah kakung rumiyen tumut paguyuban Murti Tomo Waskito Tunggal Suroboyo, buku catatan taksih lengkap menawikulo nderek gabung persaratanipun kados pundi, amrih saget ngamalaken buku catatane mbah kakung kulo.. suwun

    BalasHapus
  24. sakmeniko tgl 17 nop 2012, wargo MTWT lamongan khusus'ipun kec kedungpring. Ndadakaken ''tanggap warsa 1 sura 1946 jawi'' wonten padepopakanipun pinisepuh romo sriadji dusun jati drojog. Bp muhajir sbg pimpinan MTWT pusat kerso hadir.. Matur nuwun donganipun wargo skalian sahinggo acara saget lancar mboten kirang menopo2... RAHAYU...

    BalasHapus