Sabtu, 04 Juli 2009

MAKNA TEMBANG LIR ILIR

Mungkin anda pernah dengar tembang lir - ilir..?? Ato mungkin anda malah sering melagukannya bwt nidurin si kecil yg lagi rewel..?? Ternyata tembang lir - ilir yg sering dilagukan oleh Kanjeng Sunan Kalijogo mempunyai makna yang mendalam.. Pengen tau kelanjutannya simak dan rasakan makna yang tersirat di dalamnya.. Nyesss...!! Bikin hati menangis n pengen slalu ndeketin ke Gusti Kang Moho Suci.

TEMBANG LIR ILIR

Lir iliir , Lir iliir

Tandure wong sumilir

Tak ijo royo – royo

Tak sengguh penganten anyar

Cah angon , Cah angon

Peneken blimbing kuwi

Lunyu – lunyu peneken

Gawe Masuh dodod iro

Dodod iro dodod iro kumiter bedah pinggire

Dondomana jlumatana

Dienggo seba mengko sore

Mumpung padang ( Gedhe ) rembulane

Mumpung jembar kalangane

Ya surakaaaa , suraaak hooore


  1. LIR ‘ ILIIIIR , LIR ‘ ILIIIIR :

Guru kang wus kawahyon , pangandikane bisoa gawe siliring liya
Solah bawane prayogo dadi tutuladhan
Iyo guru kang keno digugu pangendikane lan digugu solahe

  1. TANDURE WONG SUMILIR :

Darah terahing ngaluhur
Tiyang wasis lan Wicaksana
Seneng nandur kabecikan , dimen kena kanggo tepa tuladha .

  1. TAK IJO ROYO – ROYO :

Wong kang nembe maguru kasampurnan iku , lagone , tindake , nuli katon beda kaya dek nalika durung maguru , biyen kerep goreh atine tuwin sedihan , saiki katon ayem lan enteng , kados dene Filsafat Pari “ Makin berisi makin merunduk “

  1. TAK SENGGUH PENGANTEN ANYAR :

Kirane mentas kawejangake ing Ilmu , mula solah bawane anteng kados dene penganten anyar .Kawigaten tansah sendika Dawuh maring Gurune .

  1. CAH ANGON , CAH ANGON PENEKEN BLIMBING KUWI LUNYU LUNYU PENEKEN

Dawuhing Guru marang wong kang sumediyo ngudi ngelmu ( Dadi Murid ) . Kapurih netepi sadawuhe ngelmu , sanajan rekasa nggone nindakake yo rada digiyat , amarga arep dadi wong utama iku iyo pancen rada angel .

  1. GAWE MASUH DODODIRO KUMITER BEDHAH PINGGIRE :

Ati kang tansah samar – samar iku pakaryane dosa . Mula prayoga diresiki sarana pitudhuhing ngelmu bisa ilang regete , ngresiki diri pribadine saking “ Penyakit Hati “ lan sakabehing dosane . Kumiter bedhah pinggire kayadene kebak dosa lan ajur atine .

  1. DONDOMONO JLUMATANA DIENGGO SEBA MENGKO SORE :

Sanajana wong wis kabanjur kakehan dosa , nanging yen gelem tumindak nglakoni sadhawuhing ngelmu utawa yen gelem nlusur ing kaluputane isih bisa dadi wong utama. Mula enggal tobata kanthi Taubatannasukha kanggo sowan mangarsaning Gusti Allah mengko sore yen tumekaning janji ( Mati ) .

  1. MUMPUNG GEDHE (PADANG) REMBULANE :

Papadhange Allah , mumpung isih ana piwalese Gusti Allah , isih gedhe banget rumuntuhing asih marang kita kabeh manungsa .Cahaya Iman sumunar saking Gusti Allah Kang Moho Agung .

  1. MUMPUNG JEMBAR KALANGANE :

Mumpung isih urip ing Donya sanajan enom utawa wis tuwa ora kasepe menawa sumadiya ngudi ngelmu kasampurnan .

  1. YOO .. SUUURAAKAA SUUURAAK HOOORE :

Manawa ngilmu kasampurnan wis kaidi temu atine banjur seneng ayem tentrem tuwin santosa tekade ora kasamaran .
Sahingga kebak ing pangarep – arep tinggal Donya ing suwarga loka nalika mapak tumekaning janji bisa nyebut asmane Gusti Allah.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar