SARA SILAH
Romo R.M Soewono dipun lahiraken ing tanggal 2 Pebruari 1882 tahun Masehi utawi tanggal 5 Rabingulakhir tahun Alip 1811 wuku Galungan wonten ing Sragen Sala ( Jawi Tengah ).
1. Romo R.M Soewono putranipun R.M. Martodiepoero ( Ramanipun ).
2. R.M. Martodiepoero putranipun R.M. Padmodirjo ( Eyangipun ).
3. R.M. Padmodirjo putranipun Bandoro R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo ( Buyut).
4. R.M Tumenggung Aryo Suryokusumo putranipun R.M. Said, Kanjeng Gusti Mangkunegara ingkang sapisan (kawitan) Inggih Pangeran Samber Nyowo.
Romo R.M. Soewono wekdal yuswo 7 wulan sampun katilar sedo ingkang ramanipun, lajeng kagulawentah dening ingkang ibu, ngantos akir dewoso.
Wonten ing tahun Masehi 1911 Romo R.M Soewono dados punggawaning negari, ngasto damel wonten ing pegantosan. Inggih ing wekdal menika Romo R.M Soewono ambabaraken saha nyebaraken kaweruh Murti Tomo Waskito Tunggal Kawiwitan saha kapungkasan kasebat ing ngandap punika.
1. Daerah Tuban ing tahun 1911 - 1913.
2. Daerah Godong, Purwodadi, Demak 1913 - 1919.
3. Daerah Purworejo, Plaosan, Ngamping 1919 - 1921.
4. Daerah Mosowilangun Lumajang 1921 - 1926.
5. Daerah Gurah Kediri, 1926 - 1927.
6. Daerah Nglegok, Blitar 1927 - 1928.
7. Pungkasan wonten ing daerah Bangkalan, Madura ing tahun 1928 - 1930.
WAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL
1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
2. Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan tulungano saperlune, senadian rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh - maneh kongsi sakpantese.
3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.
Samanten keterangan sara silahipun Romo R.M. Soewono tuwin pembabar saha penyebaring kawruh Murti Tomo Waskito Tunggal.
Rahayu..
Sumber : Buku Catetan Ringkes Wirid.
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Mas Roi Sinyo sampean kok maleh koyo pak dalang bahasane akeh sing ora paham
BalasHapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
HapusKAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.
Panjenenga wargo nggih?
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusRahayu,
BalasHapusKawruh Murti Tomo Waskito Tunggal
Sederek sedoyo ingkang kawulo minulyaaken wonten ing wekdal puniko kulo bade sharing babagan kawruh Murti Tomo waskito tunggal sanadyan among sekedik. Kulo Sharing puniko kebetulan kawulo mempelajari penghayat Murti tomo meniko sampun lumayan dangu lan tansah kepingin kekancan kaliyan sederek sedoyo engkang sami - sami nekuni kebudayaan Jawi meniko.
Menawi sederek sedoyo gadah informasi monggo dipun sharing.Amargo miturut pengalaman lan lelakok ingkang kawulo lampahi.
Pengayat ajaran niki bener bener sae lan saget dipun lestarekaken. Paribasan “ Yen digelar ngebeki Jagat yen digulung sak mrico Jinumput.kawruh Murtitomo sakyektosipun Luar biasa kuat lan dahsyatipun menawi dipun lampahi ingkang bener lan pener. Sekedik falsafah ingkang dipun tulis mendet saking asmanipun Wejangan puniko:
Murti tomo dipun pundut saking asal usul:
• Murti ateges Murnining ati utowo tulusing manah utowo ihlasipun lelampahan.
• Tomo ateges tindak kang Utomo utawi tindak sae ,lakon ingkang pener lan leres engkang dipun ijabahin kalian pangeran inggih Gusti alloh.
Waskito ateges Cermat,cerdik,awas mangertos ingkang sampun lan dereng kedadosan tansah eling lan waspodho.
Tunggal ateges setunggal inggih siji inggih kang moho kuoso utawi gusti engkang moho sempurno ,moho agung ,mboten wonten engkang madani
Utawi menawi dipun jabaraken dados :
“ Murnining ati utowo resiking ati utowo tulusing ati lan tindak tanduk engakang Utomo sajeroning nglampahi urip saget dados dalane nyawiji dateng gusti kang moho kuoso inggih gusti alloh kang moho agung lan moho tunggal”.
Kados pundi carane supados ihlas,lembah,manah lan sabar wonten ing sakjeroning nglakoni urip inggih kedah tansah eling lan ngibadah kaleh engkang moho kuoso inggih gusti alloh.Kepripun supados saget nglampahi meniko sedoyo menungso kedah eling lan tansah ngertos dateng ajaran Kawruh:
1. Sangkan Paran.
2. Kasunyatan.
3. Kasampurnan.
Kados pundit ajaran niki dipun jabaraken lan dipun laksanakaken kulo sambung wonten edisi ( Bersambung).
Budi Santoso,
Sangatta,19 Juli 2010
Kutai Timur,Kalimantan Timur.
Assalammualikum Mas Budi,
HapusNama Saya Usman Dari Tuban-Jawa Timur, Terima kasih atas penjelasan dari mas Budi. Semoga bisa nyambung seduluran dengan mas Budi dan Dulur2 yang ada di Kalimantan dan kalau boleh saya minta nomer kontaknya mas Budi supaya bisa menyambung seduluran...ini nmer kontak saya ya mas 081-289-133-399...Salam.
Asalamualaikum rahayu kulo mtwt sangking bojonegoro sugihwaras jawa timur
HapusSalam Rahayu saking sederek Pacitan..
Hapusatas berkah dan rahmat gusti alloh kang moho agung lan moho tungal, mugi-mugi sedoyo tansyah dipon paringi kerahayuan..
ngapunten niki tumut nyimak pak ngeh...
Bapak kulo rumiyen tumut kawruh murti tomo waskito tunggal,,mangkane bpak kulo maringi asmo kulo murtiyono .,,nanging kulo tasih dereng ngertos pripun ajaranipun ..?? Salam rahayu kulo saking tuban
HapusRahayu
BalasHapusmas budi santoso,
sepuntene ingkang katha,
kulo matur suwun nggih ingkang katha,
njenengan mpun wujud akeh angen-angen sederek suroboyo, lan
kabar saiki paguyububan mpun ngadah kartu anggota,luwih jelase kontak mas muhajir, kediri,
suwun. Rahayu
Rahayu,
BalasHapussepuntene ingkang katha
mas budi santoso,
nyuwun tolong njenengan jangkepi wajibe wargo
suwun,
Rahayu
Rahayu,
BalasHapusMas Fajar aku uwis suwee banget ora melok kumpulan karo wargo suroboyo ,kediri,madiun lan sak sekitare kuwi kabek amung soko amargo aku kudu nglakoni wajibing urip yoiku topo ngrame golek sandang pangan kango anak lan bojo .Kebetulan panggonaku ono pelosok kalimantan lan kuwi uwis meh rong puluh taun.Sak pangertenku wargo murtitomo iku kudu tansah nglakoni tindak kang becik urip kang sabar lembah manah lan hanadyan abot aku tansah nyobo anglakoni.Babakan kartu wargo lan liyone aku ora nyumurupi hanaging yen ono kuwajiban liyane sing aku urung mangerteni tulung aku dielengno.Sakjane aku tansah ngoleki konco kang iso digawe tukar kawruh lan tukar pemikiran kareben podo dadi apik.
Aku goleki ono internet amung iki sing tak temoni aku nyoba ngisi tulisan iki supoyo duwe konco lan suwene aku melok wirid tahun 1988 aku paling ora wis ngalami pengalaman engkang lumayan kanggo disharing karo wargo liyane hanadyan ora kabeh oleh tak tulis tapi paling tidak pengalaman pribadi iso didadekne pemikiran karo wargo engkang perlu.
sumonggo segeng tepang.
rahayu.
Rahayu,sugeng dalu tepangaken dalem gatot,wargo mtwt kalsel mas,jenengan alamatipun dateng pundi,kulo batu licin
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusRahayu,
BalasHapusMas Kulo wargo asli mediun wejangan Pak Tarmaji kalian Mbak Danu Ndarungan Kediri,Suroboyo kulo ingih sering ndateng pangonanipun mbak Parto lhaa menawi mas muhajir meniko kulo dereng pati kenal lhaa maenawi mbak karso jaman Huuuuu ok ek engih termasuk sesepuh waktu taksih sugeng kulo sering dateng ngriyanipun mbak karso jaman pasareyanipun mbak sarmo engih sering pokoipun manawi urusan murtitomo ujung ketemu ujung sampun kulo ublek ublek wakdal tahun 1987-1991 mari ngoten ngolek sandang pangan dateng kaltim.
Cobi punopo mawong engkan panjenengan kepingin bahas lan takletne mangke kulo coba ngudari lan setitik sharing kawruh.Sopo ngerti ono gunane
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusrahayu
BalasHapusmas saya pernah belajar aliran murtitomo tapi yang saya pelajari kok aliran murni islam tidak kejawen tidak pakai rahayu tapi paki assalamu allaikum.....dan pelajaran yang saya dapat yaitu ajaran islam bukan kejawen .....mohon tanggapan..
Mas indo kedah dipun bedaake antawising agomo kaliyan kawruh sanadyan sedoyo puniko tujuanipun sami nanging hangrangkepi utawi nambahi supados keimanan kita tambah kiat lan tindak tanduk ugi tambah sae.murti tomo puniko kawruh menawi babagan salam puniko benten ucap neng tujuanipun sami.sedoyo maknanipun mugi mugi ta nsah keslametan saking karsane gusti
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapusasalamualaikum,sedulur kabeh,sa'suwene nglampahi wejangan MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL,nopo sing sampean nggadah?
BalasHapusRahayu,
HapusSedulur krisdianto pitakon panjenengan sae sanget ibarate sinau kawruh angsalipun punopo,kawulo bade sharing kawruh manawi gadah kulo mboten gadah punopo punopo sedoyo kagunganipun gusti nanging kulo dipun ajari kawruh ingih puniko belajar moco.supados mbenjing yen mlampah nglakoni wajibing urip mangertosi pundi ingkang dipun lampahi sakjeroning lakon urip dateng donyo lan syukur dateng alam kelangengan.kawulo ngraos penggalih soho lampah lan laku kulo tansah ngraos tentrem lan ayem amargi sakjeronipun nglampahi lampahipun gesang wonten arahipun dados mboten buntu lan mboten peteng menawi peteng saget nyuwun pepadang.nuwun
Mandra,
BalasHapusRahayu!
Aku iki koncone robert. Awakmu sik pancet ta warung e tambah rame?
Saiki sopo sing neruske wejangan? sik onok serasean nang panggone Alm. Mbah Parto?
Rahayu!!
BalasHapuskulo saking Darungan Punjul,Kediri.. ler ipun Makam Alm. R.M. Sarmo Widjoyo. Tp kulo dereng di wirid,hehe.. sak niki kulo ten Solo nderek Bopo Ibu,
ngapunten.. sakmeniko wonten Kumpulan MTWT ten Facebook.. monggo gabung kajeng'e tambah anget annggene kitosami sesrawungan.. (maf,,bhasa jawany msh kocrat kacrit..hehe)Facebook'e kulo = Agung Ari Murti Wibowo. E-mail : romantic_bow@yahoo.com.
Suwun.
sip
Hapusrahayu
BalasHapuskulo toto bade taken kaleh sedulur sing wonten MTWT, menawi kulo bade derek... nek ten pekalongan wonten mboten cabangipun MTWT
Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapussalam sakeng lamongan mas,,,,,
BalasHapusrahayuuuuuu.....mtwt....kulo sangkeng madiun....kenongo mulyo.................monggo dipon raket aken anggone paseduluran,,,,,,,murtitomo waskitho tunggal....kaltim.......monggo ingkang ngersaaken tukar kaweroh mtwt...............082150264488..........hening neng eleng lan waspodo......
BalasHapusRahayu,
HapusSederek hari kulo jawinipun mediyun inggih puniko dusun sidorejo kec kebonsari madiun.menawi wonten wekdal monggo sami kepangih inggih sederek
Andum slamet. Ki Abdullah
tanggal,30-04-2012,,,,
BalasHapusmonggo sareng - sareng
nggulo wentah pitukur luhur budi pekerti sangking leluhur kulo lan panjenengan kususipunpaguyupan murti tomo waskito tunggal
kulo panerusipun sangking pinisepuh agung ki parto seran suroboyo.
bek menawi wonten sedulur kerjo ngaji kaweruh monggoh sareng2,
sepados mbenjang mboten kesasar, roh sukmane,
nama: chairomin.
almat: jl,sari tama gang makam no 11,
suroboyo, kecamatan tandes
tanggal,30-04-2012,,,,
BalasHapusmurti tomo waskito tunggal
monggo sareng - sareng
nggulo wentah pitukur luhur budi pekerti sangking leluhur kulo lan panjenengan kususipunpaguyupan murti tomo waskito tunggal
kulo panerusipun sangking pinisepuh agung ki parto seran suroboyo.
bek menawi wonten sedulur kerjo ngaji kaweruh monggoh sareng2,
sepados mbenjang mboten kesasar, roh sukmane,
nama: chairomin.
almat: jl,sari tama gang makam no 11,
suroboyo, kecamatan tandez.
no : 083857588159
Rahayu,
HapusSederek choiromin raosipun kados kepengen sanget kawulo kepamgeh panjenengan.rumiyin kawulo sregep ngangsu kawruh lan pitutur dhateng eyang parto serat sanadyan kulo tebeh sangking mediun .leres ingkanjenengan wasta aken monggo sinau kawruh supados mangertosin lelampahin urip wonten donyo lan alam akhir supados akhiripun mboten kesasar amargi saget pitakon dhateng sedulur ripun piyambak lan saget maos arahipun dalan pepadang ngayoh alam kelangengan.weton sanget menawi wargo mboten mangertosi dalanipun piyambak menawi sampun tibanipun pasti.
Rahayu:- ki abdullah
7. ojo anjagakake pitulungan liyan
BalasHapus8. eklasa tetulung kasusahane liyan sabisa bisamu nanging ojo ugungan lan iyo ojotinggal ing kautaman. mengkono ugo ojo pisan2 mamrih pituwes utowo ngarep2 bakal baline.
9. jen sedyamu bener gawe kebecikan kang santosoing budi, ojo kandeg margo serik soko pamoyok utowo panyokrobowone liyan kang ora ora
10. yenkowe nujoni nemu pakewuh, tampanono kalayan sabar, nanging ojo pegat anyipto marang kabegjanmu,(lahire nerimo nanging batine ojo sepi ing ikhtiar)
rahayu,, mas nanang kulo remen yen biso nglakoni wajibe wargo,,no 7.8.9 lan 10..nanging kok terkadang teksih kangelan to,,kedahipun kulo kados pundi supoyo kulo saget nglampahi,,CARANIPUN PRIPUN MAS,,
Hapusrahayu mas avido,
Hapussak meniko dalem namung copas saking buku wirid wajibing wargo mawon.. kulo meniko taksih sinau nembe kelas nol kecil mas, dereng sanget 'njlentrehake'.. ngapunten ingkang sanget,,, salam kenal kangge derek2 wargo sekalian...rahayu
Rahayu mas
BalasHapusKulo saking jombang, mbah kakung rumiyen tumut paguyuban Murti Tomo Waskito Tunggal Suroboyo, buku catatan taksih lengkap menawikulo nderek gabung persaratanipun kados pundi, amrih saget ngamalaken buku catatane mbah kakung kulo.. suwun
sakmeniko tgl 17 nop 2012, wargo MTWT lamongan khusus'ipun kec kedungpring. Ndadakaken ''tanggap warsa 1 sura 1946 jawi'' wonten padepopakanipun pinisepuh romo sriadji dusun jati drojog. Bp muhajir sbg pimpinan MTWT pusat kerso hadir.. Matur nuwun donganipun wargo skalian sahinggo acara saget lancar mboten kirang menopo2... RAHAYU...
BalasHapusWAJIBING WARGO MURTI TOMO WASKITO TUNGGAL
Hapus1. Ojo pisan-pisan duwe niyat ngrusak culika utowo cidra marang sedulurmu.
Wedaranipun mekaten:
o Wargo murtitomo kedahipun jujur lan ngendikan opo ananipun mboten pareng ngapusi utawi istilah tiyang sepah mekaten:
Ucap lan patrap kudu podho punopo engkang dhipun ngandikaaken sami kaliyan tindak tandukipun.
o Jujur,Temen lan podo ibarate Suruh temu rose yen di rasakne podho rasane,maknanipun jobo njero podho utawi jujur.
Penghayat murti tomo menawi mboten jujur langsung dapat sesiku sing biasane langsung di tunjukaken utawi kontan.
2. Yen ono sadulurmu nemu pakewuh utowo kasusahan pada beloha sungkowo lan tulungano saperlune, senadiyan rupo bau-suku, piwulang, pikiran, kawruh utowo kabisan, malah yen perlu banget, tulungono sapanduman rojodarbekmu. Sakabehing pitulungan mau, kudu kelawan rila lan sucining ati lan maneh ora cukup mung sapisan bae, nanging yen perlu kudu maneh – maneh kongsi sakpantese.
Wedaranipun mekaten.
o Sesami menungso gesang wajib podho tulung tinulung lan wajib tansah ngengetaken punopo engkang sae lan mboten punopo kemawon.
o Nanging kulo badhe medar setitik sing wiar maknanipun ngih puniko: Rila lan Sucining ati ,Rilo puniko artosipun Ihlas sucining ati artosipun: Heneng,Hening,Awas lan Eling.
o Tembung puniko ngretak aken artos piwulang,pikiran,kawruh utawi kabisan.
o Menungso utawi kito sedoyo punawi sampun saget ngamalaken punopo ingkang diwastani Rila lan sucining ati ateges sampun saget mlebet wonten alam engkang dipun gambaraken lambang murti tomo Segitiga wonten tengah enten koma madep datang nginggil sepados mbenjang mboten kesasar, roh sukmanipun.
o “Arti lambing Murti Tomo mengke Ajeng dipun bahas kanti rinci lan terwoco”
o Malah yen perlu tulungono sapanduman rojodarbekmu ateges amal lan kedah ihlas.
3. Ojo birahi goroh lan ojo takabur (jubria).
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murti tomo kedah jujur mboten pareng tindak Cubriyo niki abot sanget menawi cubriyo langsung dipun adilin dening gusti enkang moho suci.
o Wargo murti tomo mboten pareng takabur mawi artos mboten angsal sombong amargi sedoyo kagungane gusti manungso amung laku kaliyan nglakoni ke mawon
4. Ojo milikan sadengah kang ora kalal( dudu duwe darbekmu).
BalasHapusWedaranipun mekaten.
o Aslinipun sanes kalal tapi ( dudu duwe darbekmu) utawi ojo gampang meri ndadekne Iri lan drengki tur marekne srei.
o Drengki puniko artosipun kepengen darbeke liyan nanging ora ketekan
o Meri meniko kepengin milik nanging sanes darbekipun.
o Srei meniko usil utawi ngolek salahing liyan sing mestine ora salah.
o Sakjetosipun angsal Meri punawi kange kabecikan lan semangat supados usaha sing luwih apik malih tanpo ngangu liyan.
5. Ojo golek dadahaning prakoro.
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murti tomo mboten angsal ngolek masalah hananging sagetho mrantasin masalah podo guyub rukun lan dermawan.
6. Ojo anjarak ngambah ing dedalan kang ora utomo.
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murti tomo mboten angsal tumindak curigo,lan nglanggar aturan agomo lan negoro.
7.Ojo njagakake pitulungane liyan.
Wedaranipun mekaten.
o Tiyang gesang kedah mandiri ojo nunggu pitik blorok ngendok niki maknanipun wiar lan penghayar murtitomo kedah mandiri lan percados pitulungane gusti.
8.Ihlaso tetulung kasusahan liyan sebisa-bisamu nanging ojo ugungan lan ojo tinggal kautaman.mangkono ugo ojo pisan-pisan mamrih pituwas utowo ngarep arep bakal baline.
Wedaranipun mekaten.
o Wargo murtitomo kedah tansah tetulung nanging kedah ihlas lan mboten pilih kasih nopo maleh kange dasar pamrih.
9.Yen sedyamu bener gawe kebecikan lan Santoso ing budi,ojo kandeg margo serik soko pamoyok utowo panyokrobawane Liyan kang ora-ora.
BalasHapusWedaranipun mekaten.
o Lampah lan lakunipun wargo murti tomo puniko kadang mboten umum kangene liyan hananging tujuanipun jelas kange sentosaning budi .
o Contonipun tirakat utawi lampah lintunipun menawi dipun astani kaliyan tiyang liyan engkang sanes penghayat mboten sisah di batos hanangin ojo pegat karo gusti.
10.Yen Kowe nujoni nemu pakewuh,tampanono kalayan sabar,nanging ojo pegat anyipto marang kabegjanmu ( lahire narimo nanging bathine ora sepi ing Ihtiar)
Wedaranipun mekaten.
o Wonten ajaran murti tomo wonten istilah ing pewayangan inggih puniko Gugat utawi protes utawi demostrasi (jaman sak niki) lhaa dateng pundi gugatipun
o Gugartipun dhateng gusti ingkang moho suci engkang nguasani wontenipun urip lan sedoyo wontening isine bumi niki.
Istilah wontening murtitomo “ Yen digelar ngebeki jagat yen jinumput Sak Mrico Jinumput”
Monggo menawi perlu wedaripun maleh yen kawulo saget badhe kulo wedaraken.
Samanten keterangan sara silahipun Romo R.M. Soewono tuwin pembabar saha penyebaring kawruh Murti Tomo Waskito Tunggal.
mongo sami sharing kaliyan kawulo.
BalasHapusBudi santoso.
E-mail:Budi.Santosocpp@gmail.com
HP:08115814451
mas budi, ngapunten sakderenge.. badhe ijin copas babagan wajibing wargo lan jlentrehipun kangge wargo mtwt lintunipun,,,, ngapunten... rahayu...
HapusSaya mas andy dri situbondo. Mohon ijin saya ingin bergabung . kalau di situbondo cabangnya dimana ya mas??
HapusRahayu mas budi, dalem wargo kediri, nyambut damel ing tlatah situbondo jatim, menawi teng mriki wonten sedherek paguyuban, dalem nyuwun asma, alamat lan no hp, badhe ngangsu kawruh, suwun.
HapusRahayu mas budi, dalem wargo kediri, nyambut damel ing tlatah situbondo jatim, menawi teng mriki wonten sedherek paguyuban, dalem nyuwun asma, alamat lan no hp, badhe ngangsu kawruh, suwun.
HapusMohon ijin . mohon di balas..
HapusRahayu sugeng dalu poro sederek sedanten,tepangaken dalem gatot s,mtwt saking kalsel dulur,pisepuh bpk marsidi
BalasHapusSugeng rahayu....kulo aji saking sumber tangkil malang.....
BalasHapusRahayu,
BalasHapusRahayu
BalasHapusrahayu
BalasHapusnyuwun sewu tumut midangetaken.... nuwun...
BalasHapussalam Dari wargo Murti tomo daerah Medan. maaf mas saya pakai bahasa nasional. semoga bisa menjalin silaturahmi dengan wargo di surabaya.
BalasHapusRAHAYU
BalasHapusSakderengipun kulo nyuwun pangapunten ingkang agung dhateng sedoyo sederek wirid "MURTI TOMO".
Perkenalaken kulo Sugiyas. Rumiyen kulo dherek wirid dhateng Almarhumah Mbah Kasah Ds.Karangrejo-Kec.Kandat Kab.Kediri.
Sedoyo ingkang dipunaturaken poro kadhang muniko sami leresipun.
Kulo usul bileh saget dipun tampi inggih sumonggo. Kadhos pundi menawi kerso lan wonten wedal sumonggo Kito ngawontenaken "saresehan" saperlu Wicantunan babpipun Ilmi.
RAHAYU
Rahayu poro wargo MURTI TOMO WASKITHO TUNGGAL.
BalasHapusPerkenalaken ingsun arief´ wargo dugi kediri jatim.
igsun gadah pengarep arep´ kaweruh MURTI TOMO niki saged o + lestari lan sumrambah marang sedoyo kawulo.
nuhun..
Rahayu.. Rahayu.. Rahayu..
Rahayu
BalasHapusDerek gabung, kulo putrinipun pinisepuh Alm. Bpk Mat Said saking Tegalan Kandat Kediri. mbok bilih wonten ingkang ngertos. manah kulo pingin ngertos kaweroh Murti Tomo,matur suwon
Rahayu ugi Mbak Sri Elco..
HapusRahayu Mbak Sri Elco,
HapusKulo Junaidi Poncosuto, saking Blitar. Sak semerep kulo sinten kemawon ingkang kerso sinau bab kaweruh Murti Tomo kedah langkung rumiyin nderek "WIRID". Wondene dateng pundi ndereke sak kerso panjenengan teng wilayah pundi engkan ngawontenaken acara wirid meniko. Utawi menawi ngersaaken nderek dateng Blitar saget ngubungi kulo teng nomer niki 085790836146.
Kulo nggeh nembe nderek wirid teng ndalem Kakung Toyib sesepuh Blitar, tasek antawes 2 wulan kepengker, tasek lekas thimik-thimik, nuwun
Rahayu
BalasHapushalaman 3.
BalasHapus*rukune.... 5 prakara.
1.pasa:leren
2.zakat:wehweh
3 pitra: Nompo
4.salat:(belum berhasil membaca tulisan jawa nya rumit)
5.munggah kaji:
Rahayu kulo sangking tuban, jelasipun kec. Tuban desa kebonsari. Salam sedukuran tunggal banyu, menawi wonteng ing pelataran tuban, sumanggakaken dedayoh eng nggriyo.
BalasHapusRahayu
Kulo madiun
BalasHapusRahayu... Kulo Siantar Sumatera Utara
BalasHapusRahayu, kulo kowang tuban, alhamdulillah dinten puniko bapak sampun medar kawruh murtitomo. Dados warga murtitomo ketambahan dulur 8. Nuwun.
BalasHapus